DOLANAN LATAR JAMAN CILIK
Esih awan ya antarane sedelamaning garep rep. Angger ayawene biasane mamake
wis nggoleti anake sing pada dolan. Jane ya biasa jenenge bocah pada dolan. Kumpul
karo bala balane sing seumuran.
Angger bocah karangjoh
o tengah ya bala inyong kuwe. Angger di reken
antarane ya ana sejinah jajal tek eling eling mbok menawa bisa esih kemutan
kancane nyong. Nganggo jeneng asli apa yah.... mene ora kelalen. Kan sing
paling edek umahe. Parno, Gino, Anto,Saidi diplong, rimun bagol, nano, tusino,
yono, ndindik, jumiran, tumiran, rasim, ngadirin, gonthot, gomin, sodimin,
gomis, mamat kate, yanto, slamet, bagol saimin, sarikin joko semplo, rikun,
sarno.
Sing perek sekolahan SD ya...
hendri, bangi, khamim, udin hasan, udin jafar, yanto sarman, bera, saryono, Bud.
Semana akehe ana sing wis ninggal mbarang. Ana sing wis duwe putu, sing
nganti siki ora mbojo ya ana, sing mati kendat ya ana ujarku. Pokoke macem
macem lah. Sing dadi supir, dadi juragan wedus, juragan pete, juragan kayu ya
ana. Dadi pejabat, dadi dokter, dadi apa bae.
...
Eh...Ya nyong kemutan tua gono, ya tua gono. Jamane kuwe nyong egih SD
liwat ngarep umahe, weruh rapot agi di peme. Kudanen mbok apa kenang crocoh nek
ana udan gede. Nyong karo parno liwat garep adus kali nang kedhung tawang. Nyong
weruh tulisan SMA N Gombong. Babar pisan ora ngerti sapa jenenge ,mung weruh
biji. Karo mangsi mblobor kenang banyu. Jenenge be mbuh sapa... mung ngerti nek
kuwe rapote tuwa Gono.
...
Dasare bocah SD. Dolanane ya ana ana bae, kabeh mung mangsan. Angger mangsan
panggal ya dolanan panggal. Cah cah lanang sekolah nggawa panggal. Sing apik ya
panggal kayu sawo, kayu wit kopi. Lha angger panggal kayu kalba apa sengon ta
ora apik. Kayune amoh, entheng dadi ora patia maen nggo gaprakkan.
Angger nyong ngarani bocah bocah esih kreatip. Dolanane gawe dewek. Panggal
gari nggolet wit kopi sing wis ditegor. Apa bongkotan galih kayu mahoni terus
digawe dewek. Carane gawe ya cacagi karo lading utawane bendo. Nek sing wis
gedhe temua repek ya karo kudi. Eh pada ngerti panggal mbok rika..?
Panggal angger jaman siki jenenge ya Gasing. Jajal rika pada sing wis tau
gaprakkan panggal? Tau weruh tanggane pada gaprakkan panggal mbok. Apa sih
jenenge ya....
Senggung senggung
balang kothek balang senggung
kidul tamba karang pucung
desaku watuagung....
Biasane goleh pada dolanan panggal nang latar utawane derik sing amba. Dadi
nggone kamot nggo ngumpul bocah akeh. Gedhene panggal natarane se gegeman
tangan. Ana sing lewih gede.
Nyong njaluk digawekna panggal karo bapake, sekang wit kopi. Mandan gedhe. Lewih
gede nimbang gegeman tangane nyong. Apik panggale wernane kuning semu ijo. Ana sisih
sing wernane coklat. Angger bapake sing gawe rapih. Angger diubengna moni
swarane nguuuuuunggg... biasane nyong karo parno karo gisus bagol seneng
medekna kuping nang pinggir mubenge panggal, mung mene krungu swarane ngung...
mene genah.
Swara ngung mau sebabe mubenge panggal banter. Angger uwette dawa goleh
nggung pas mubenge nang tegel ya monine maen, seru. Ning nek mubenge nang jogan
lemah mempur ya ora patia seru. Cepet mandeg, beda karo nang ubin apa nang
tegel. Mandan suwe.
Uwet biasane nyong gawe dewek. Karo plapah gedang sing wis garing. Gari met
nang kulon ngumah. Plapah gedang garing diparo terus diubetna. Disigar dari
loro. Mene gampang biasane tlpakana tangan diidoni. Cuh cuh... terus plapah
graing di delah nang sikil nduwur dengkul, nang pupu. Digiling mene ngubet. Pucukke
biasane cilik, nggko angger wis tekan bongkon sengsaya gede.
Ana sing gawe uwet karo kulit wit kopi apa wit apa ya kelalen koh. Penjalin
ya udu. Ya wit kopi lah ketone. Terus di thuthuki watu mene amoh ning ora
tugel. Terus diubet, digilig. Di klunthung mene dadi uwet panggal. Apik, awet
ora gampang pedhot kaya plapah nggedang. Biasane menangan nek adu panggal.
.....
Sing ora adu panggal ya pada gaprek. Biasane nyong ya dolanan gaprek. Karo kancane.
Udu karet lima, udhu sepuluh, udhu loro ya wani. Nek nangumah lha damon. Gaprek
biasane goleh main nang plipiran sekolahan. Sing esih lemah ora di plester. Garing
ora lunyu. Nggolet sapu terus dijukut lidine siji. Antarane teung senti. Terus sing
rong senti di tanclebna nang lemah. Modod se senti. Angger wis pada udu terus
ngundi sapa singmain pertama. Carane kan sada modod mau mlaku limang langkah
utawane sepira karepe bocah bocah. Banjur pada nggaprek.
Sewise hombreng, sing kebagian pertama nggaprek. Kabeh karet didelah
nangnduwur sikil tengen. Terus sikile didelah nang mburine garis bates sing
digawe. Terus mlumpat nglebokna karet meng sada mau. Pira karet sing mlebu sah
dadi duwene sing main.
Terus dipilih karet mburi dewek, angger adoh dikilani. Angger ana sekilah
berarti dijepret. Karete di tindihi tangan, terus sebelah ngarep dicanthelna
nang sada. Angger nggubed ora ucul berarti sekabehe karet udon mau sah menang
dadi duwene. Angger ucul berarti gantian main karo kancane sing nomer loro.
Angger ora ana sekilan berarti kudu di cuthat. Karet mburi dewek di cuthah
karo driji telunjuk. Angger mlebu, maring sada, ya berarti menang angger ora ya
gantian karo kanca liyane.
.....
Beyunge.... panggalku nangendi Yung...? karete wingi nang kene deneng ora
ana?
Tek buang... salahe kon madang malah
merad. Madang gisit terus adus mangkat ngaji. Kaeh lawuh jangan welok karo
gesek peda. Jengkol beweh nang rantang, esih nang nduwur bak dikumbah gisit.
.....
Kang Didin
Salam Dolanan Latar
Kendal, 3 September 2021.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar