Minggu, 14 Desember 2014

Bediang di Watuagung

BEDIANG

Eling-eling jebul wis ora kepeling
Kemutan jaman semana, nalika kathir urung disepit
Ramane masah kayu, jare arep nggo nabag umah bale
Mamake nang pedangan agi nggodog kimpul
Hawa ketiga sing seprana seprene esih adem
Wis wengi tapi esih ana swara sendaren moni
Seruh-seruhan karo swara jangkrik walang ketehe
Sing agi ngrokoti wit weringin wetan ngumah.

Tai pasah tek goleti sing dawane ana rong kilan
Angger nemu jan berage nemen
Tek gawa mlayu, tek cus karo  rek jos
Genine kuning kaya lampu patromak sing kurang abab kudu dipompa

Adiku sing agi di gendong nang beyunge melu seneng
Njaluk mlorod sekang embanan ning nang mamake ora ulih
Angger wis kaya kuwe adiku meneng

Nang mbale mambune Mandan banger
Mambu kayu sing nembe dientas kan blumbang
Bacin
Pamanne esih nithik
Arep nggo gawe usuk rangken
Kapanane ana sasi sapar, usuk-usuk mau dibeber
Nggo gawe rangkep payon umah.

Umah sing lawase sedawa umure adiku
Sing siki wis pada manak
Umah arang-arang ketunggonan
Presasat de tiliki ora tiba seminggu pisan
Setahun pisan
Ya kuwe nyong wis antarane setaun lewih ora tilik
Kelingan tilik nalikane demenan karo bocah Sedah Tawangharjo Purwodadi
Nalikane semana

Umah sing siki suwe ora tek tiliki
Rangkene wis akeh sing de krikiti tikus
Dabage wis pada kropos
Dasare umah pancen wis lawenan tahun
Kropos, tua, wis semu ringkih
Kaya ringkihe sing gawe mau-maune

Racikan Geguritan Reload 14-12/14
kendal

Tidak ada komentar:

Posting Komentar